Uripe Supriono ing Suriname
Resensi buku Permulaan Sebuah Musim Baru di Suriname dalam bahasa Jawa.

Coba bayangke para maos dadi bocah umur pitung taun. Kahanan ekonomi wong tuwa pas-pasan, malah banjur mlarat. Kanggo ngupayaake urip kang luwih becik, bapak ngajak keluwarga pindah. Awal mulane mung pindah menyang kutha liyane. Pungkasane, ora tanggung-tanggung meneh: Pindah menyang kutha ing negara manca kang uga ing benua liya!
Bareng karo bapak, simbok lan adi, para maos numpak kapal laut kang suwene telung sasi! Mabuk laut dadi appetizer ing dina kapisan. Sadurunge tekan panggonan, para maos banjur disuguhi dessert arupa prahara kang meh wae nguncalke saka kapal nyemplung segara!
Ngono kuwi uripe Supriono, paraga utama ing novel kanthi irah-irahan Permulaan Sebuah Musim Baru di Suriname. Novel iki nyritaake uripe Supriono ing Suriname, saka cilik nganti diwasa. Uripe Supriono sesambungan karo keluwargane lan sesrawungane karo masyarakat ing Suriname. Ora winates sesambungan karo wong Jawa thok, nanging uga karo wong Landa lan kelompok etnis liyane kang urip bebarengan ing Suriname.
Menawa para maos kagungan rasa kepengin ngerti bab uripe para buruh Jawa ing Suriname, novel ini layak dipilih dadi wacan. Uga yen para maos seneng karo crita fiksi sejarah.
Koko Hendri Lubis, penulis novel iki, ngangkat Supriono dadi tokoh aku. Kanthi mengkono, maneka warna kasunyatan uripe Supriono langsung dirasaake karo para maos: Melu deg-degan sarta waswas.
Salah siji contone yaiku nalika Supriono nyagahi dadi telik sandi kanggo ngetutke uwong jahat kang dicubriyani Mei Ching. Deweke kepeksa meneng bae nalika uwong kuwi nandhang cilaka dikeroyok uwong akeh.
“Semua ini kucatat dengan detail. Bukan aku tidak mau menolong Sin Cau Cien saat ia dipukuli. Namun, aku takut penyamaran akan terbongkar kelak kalau muncul dekat dengan tempat kejadian perkara. Semua kejadian yang menimpa Sin Cau Cien segera kulaporkan kepada Mei.”
Supriono kuwi klebu rombongan angkatan kapisan buruh kontrak saka tanah Jawa kang diangkut menyang Suriname tanggal 21 Mei 1890. Sangsarane urip kaya-kaya setya ngetutake Supriono lan keluwargane, saka Jawa melu numpak kapal tekan Suriname, kang wektu iku dijajah negara Landa. Ora ana dalan liya kanggo Supriyono kejaba nyangga uripe kanthi sabar ngadhepi kasangsaran kuwi, kang dilakoni wiwit cilik nganti diwasa.
Kasangsaran urip kang lir gumanti ndadekake Supriono panggah atine lan kebal saka cilik. Saperangan kutipan saka buku iki marai angel ngulu idu.
“Malamnya ayah terbaring dengan wajah pucat pasi. Ditariknya tanganku supaya tidur di dekatnya. Di tengah keheningan malam, ia menangis menghiba-hiba. Aku pura-pura tidak mendengarnya. Sementara adikku telah tertidur pulas.”
Urip ing Suriname zaman semana kuwi kagambarake abot banget, pepak karo panindak ketidakadilan lan kekejaman. Anane maneka kelompok etnis, kayata Creole, Hindustan lan Cina, marnani panguripan ing negara paling lor saka Amerika Selatan kuwi. Kabeh uwong ngupakara golek panguripane dhewe-dhewe, kadang kala kudu tabrakan karo kepreluane uwong lan kelompok liya, klebu pemerintah (penjajah) kang sawenang-wenang.
Crita kaya mengkene tipikal gambaran angele urip ing fiksi sejarah kang njupuk latar ‘dunia baru’. Ing critane Supriono iki, uripe sengsara amarga dheweke klebu buruh kang dikirim menyang Suriname karo pemerintah penjajah (Landa). Ora ana critane sing jenenge penjajah kok duwe sikep adil lan apikan! Mungkin kahanane Supriono luwih kepenak sethithik dibandingake karo uripe para budak ing Suriname sadurunge Supriono tekan kana. Perbudakan ing donya iki disirnaake taun 1863. Sirnane perbudakan ndadekake skema nekaake buruh murah saka Jawa mecungul, kanggo ngganti para budak ing Suriname sadurunge.
Para maos bisa unjal ambegan sethithik nalika uripe Supriono dadi luwih kepenak. Dheweke mlebu sekolah lan entuk kesempatan-kesempatan kang gawe Supriono bisa adaptasi lan nglakoni uripe ing Suriname. Apameneh pungkasane deweke entuk gawean dadi wartawan.
Nyambut gawe dadi wartawan pranyata marai Supriono nyemplung ing kadadeyan-kadadeyan kebak ontran-ontran. Ana rerusuh gedhe dening etnis Cina kang gawe para maos keli ing swasana, melu kuwatir lan waswas meneh. Cedhake Supriono karo kelompok etnis Cina iki ora mung amarga gaweane minangka wartawan, nanging uga amarga sisihane Supriono uwong Cina saka Macao.
Masiya penulise dudu uwong Jawa, kudu diakoni menawa Koko Hendri Lubis cukup prigel olehe nggambarake kondisi sosial budaya masyarakat Jawa sing dadi buruh migran ing Suriname kuwi. Utamane urusan gampang percaya karo dukun lan tahayul, kang dadi karakter bapake Supriono. Uga sipate uwong Jawa kang gampang srawung, gampang tetulung lan urusan njodhoake anak.
Ing buku iki, sikepe uwong Jawa kang low profile uga disebut. Malah jare kuwi sing nlajari ana stigma menawa uwong Jawa bodho lan asor. Uwong Jawa sok diarani nganggo ukara ‘law-law Jampanesi, Jampanesi opo pep poeroe sket’, kang artine uwong Jawa bodho, uwong Jawa tukang angkut pipa kanggo nguras bebuange manungsa.
Fiksi iki njupuk latar panguripane buruh migran Jawa ing Suriname. Migrasi buruh dadi bagian sejarah zaman penjajahan Landa ing Indonesia awal taun 1890an. Nyocokake crita karo sejarah dadi konsekuensi kanggo penulise, utamane bab jeneng, papan panggonan lan kedadeyane. Penulis layak entuk acungan jempol amarga masteake unsur-unsur iki. Ora nggumunke, amarga Koko Hendri Lubis duwe minat marang bidang sejarah sosial budaya Suriname. Malah, ing profil singkate, dheweke ngandakake menawa nate melu program residensi penulis ing negera Landa. Mung ana catetan sethithik ngenani stasiun Manggarai kang dibukak taun 1918, nanging ana ing crita sadurunge taun 1890.
Novel iki meh sampurna nyeritaake uripe migran saka Jawa ing Suriname. Saliyane njupuk sudut pandang/point of view (PoV) orang pertama (Supriono), penulis uga nambahi sabagian nganggo PoV orang pertama kanggo Mei Ching (sisihane Supriono). Kahanan dadi ruwet nalika penulis nambahi PoV orang ketiga lan nggabungke karo PoV orang pertama ing setengah bagian pungkasan novel ini. Gabungan PoV kaya ngene ing saperangan bagian ngganggu para maos, amarga ora konsisten antarane kata ganti karo sudut pandange. Contone, nalika nganggo PoV orang ketiga, ujug-ujug metu kata ganti ‘aku’; lan bagian nganggo PoV orang pertama, malah kebablasen nglewati wates sudut pandange.
Ana siji meneh catetan fiksi iki. Masiya ana pitung bab ing novel iki, nanging konflik utama bisa diarani wis rampung ing bab lima. Rong bab pungkasan isine wis ora menehi greget meneh. Mbok menawa nek rong bagian iki ditata dadi perangan bab-bab sadurunge, aja-aja malah ndadekake novel ini tambah nges.
Kepriye menawa para maos dadi Supriono? Apa para maos duwe ati kang teteg ngadepi abote urip ing Suriname?
***
Dapatkan reward khusus dengan mendukung The Writers.
List Reward dapat dilihat di: https://trakteer.id/the-writers/showcase.